Minggu, 14 Oktober 2012

drama bahasa jawa jhon rewel

Teks Drama Bahasa Jawa

Pulau jawa merupakan pulau dengan penduduk terbanyak di Indonesia. walaupun ukuran dari pulau jawa tidak terlalu besar bila dibanding dengan pulau Kalimantan, Sumatera, dll, namun pulau jawa memang terkenal dengan penduduknya yang padat. Bahasa sehari - hari masyarakat di pulau jawa, terutama di jawa tengah, adalah bahasa jawa. Dalam penggunaan sehari - hari, bahasa jawa terdiri dari beberapa tingkatan. yaitu bahasa jawa kromo inggil atau yang biasa juga disebut dengan bahasa jawa kromo alus, bahasa jawa ngoko, dan bahasa jawa kasar.
Berikut ini adalah teks drama bahasa jawa:
JUDUL:RAPAT KARTINIAN
PEMAIN:
ARIN
BASUKI
DINA
HARIYO
SORAYA
PAK LURAH
PAK CARIK
Arin: Konco - konco liyane arep mrene jam piro yo? kok wis jam papat durung lengkap?
------
Basuki: aku wis ngabari konco - konco nak ngumpul ning kene jam telu lho. Mbuh ki kok podo durung tekan.
------
(ora suwe Dina, Hariyo, lan Soraya teko)
------
Arin: piye lah kok jam semene lagi podo teko. Selak  acarane dimulai lho.
------
Dina: ngapurane yo Rin...aku ono pelajaran tambahan sing ora terjadwal. Dadine aku bali sekolah rodo telat
------
Basuki: wis ah, sing penting wis podo kumpul. ayo mangkat.
(Arin, Basuki, Dina, Hariyo, lan Soraya mangkat nyang bale deso. tekan Bale deso, acara rapat wis dimulai)
------
PAK LURAH: we lha dhalah..kok lagi podo kethok ki piye. Rapat wis dimulai sejaman lho
------
Basuki: nyuwunsewu Pak Lurah, telat amargi nenggo rencang - rencang kempal
------
PAK LURAH: yo wis ora opo - opo. kono ndang lungguh
------
PAK CARIK: Saged dipun lanjutaken pak?
------
PAK LURAH: nggih monggo
------
PAK CARIK: amargi adik - adik karang taruna sampun dugi, monggo kito lanjutaken malih ngrembak acara kartinian ingkang badhe dipun laksanaaken sasi ngajeng ngajeng.
PAK CARIK: acara ingkang badhe dipun laksanaaken: pasar mirah, bhakti sosial, lomba miru jarik, lomba masak kagem bapak - bapak lan lomba masang sanggul.
PAK CARIK: kagem acara pasar mirah lan bhakti sosial, sedoyo dados tanggung jawabipun adik - adik karang taruna. Lan kagem acara lomba miru jarik, lomba masak kagem bapak - bapak, lan lomba masang sanggul, sedoyo dados tanggung jawabipun ibu - ibu PKK Dusun. Monggo ingkang badhe usul.
------
Arin: menawi kagem pasar mirah, mangkih ingkang dipun sade namung bahan kebutuhan pokok?
------
PAK CARIK: Bahan kebutuhan pokok lan sandangan ingkang pantes dipun agem
PAK CARIK: Monggo kagem adik - adik karang taruna lan ibu-ibu PKK dusun enggal - enggal nyusun proposal lan dipun ajukaken dateng Pak Lurah kangge keperluan anggaran.
PAK CARIK: Minggu ngajeng proposal kedah sampun dados lan sampun dipun setujuni kaliyan Pak Lurah.
PAK CARIK: kulo kinten cekap semanten rapat dinten niki, minggu ngajeng kito sedoyo kempal malih kangge mbahas acara ingkang luwih rinci. 
PAK CARIK: maturnuwun rawuhipun lan wassalamu'alaikum wr. wb